Sabtu, 27 Juni 2009

Kisah Tewur Tentang Persahabatan

Alkisah jaman mbiyen tepak gak onok enak'e onok arek jenenge anggep ae I### (celuk'ane Juned). Lah arek siji iki kakean jeneng panggilan nok sekolahe, lah sing lagi famous wektu iku Juned. Arek'e kenal karo cah wadon anggep ae jenenge R###. Nah arek 2 iki wes podho2 kenal'e mulai jamane sek katok'an endek werno biru.

Wektu wes clonoan abu2 oleh setaun (SMA kls 1), si R### iki nang nggone foto kopi. Lah arek iku ga weruh lek foto kopian iku omahe Juned. Wektu lagi foto kopi arek'e lungguh nok nggone ngenteni foto kopian, lah wektu iku si Juned liwat ngarepe trus noleh dilut (pangling soale nok sekolah jilbaban lah lek wes mulih dicopot jilbab'e). Pas ngenteni Emes'e Juned takok nang si R###, "omahe endi?? skolah ngendi??klas piro?? knal karo I###???". Arek iku njawabe,"teng wetan blok bu'. Skolah teng SMA#### kls 1. Aduh mboten kenal bu". Lah si Juned wektu iku lagi cedak2 kunu dadi krungu, rasane kupinge Juned alias I### iki kobong ngrungokno omongane cah iku (Arek Ngguathel!! wes kenal suwi malah ngomonge ga kenal... WUASEM!!". Kebetulan foto kopine rodo' sue dadi ditinggal mulih karo arek'e. Pas arek'e balik nang foto kopian, emes'e I### ngongkon I### ngekekno fotokopian'e. Lah wektu ngekekno fotokopiane'e otomatis raine si Juned rodo' sumpek ndeleng raine cah iku. Si R### pisan ga kalah tewur, arek'e double L (LOLA' LOLO' koyo' kucing kecepit lawang).. Tapi yo ngunu' sing sijine emosi sing sijine rodo' kaet campur bingung wes kah!! koyo' ga kenal temenan malih'an. Mari nrimo foto kopine arek'e mulih, lah Juned yo langsung mlebu ga atek kakean cocot.

Sesuk'e nok skolah si Juned ketemu si R###, berhubung isih dendam si Juned ngomong nang R###, "wah juambul koen iku, ngaku ga kenal nang aku.. iku umahku doel!!". Dasar'e wong ga weuh and bingung si R### pasang rain inosen (boso gaul soko jamane mojopahit iki rek lek ga weruh kebangeten), "Aduh, gak weruh aku ned, Imam iku sopo?". Atine Juned rasane koyok diirisi cilik2 terus disunduki, dibumbu kacang campur kecap trus dibakar. "DOH iku jeneng asliku kampreet!!!", Juned rodo mbentak tuiitik!! (iro2en dewe sak piro, kiro2 sak jumput luwih sitik). R### malah nggegek ga jelas, " owalah iku jeneng aslimu tah?? tak kiro jenengmu asli juned.. wakakakakakak".


Soko crito nang nduwur iso ditarik hikmah'e.. Wes tarik'en dewe hikmah'e opo.. Soale aku saben narik entuk tulisan coba lagi...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar