Jumat, 03 Juli 2009

SISWA TELADAN (DIBACA: AREK TEWUR)

Taun iku, minggu pertama aku SMP nok SMP ******. Dino iku aku ga due firasat opo2, wes pokok’e koyok biasane lah. Budal rodo nelat, budal nyuante mbek ngelamun ndelok’i pemandangan kotaku tercinta. Dino iku, jam pertama onok pelajaran Bhs Indonesia, lah pelajaran iku onok PR, dadine arek-arek sak kelas sing during ngerjakno podo copy paste.Wektu iku aku nyuante puol wes, koyok ga ono’ beban. Trus onok koncoku takok.

Koncoku : Wes mari tah? Kok nyante temen?

Aku : Asaib (bhs malangx biasa)ae loh, aku kan arek rajin (*cuih seakan-akan koen mbiyen rajin ae lee lee.. lek rajin judi aku percoyo).

Koncoku : Ndelok seh!! Endi buktine??

Aku : Sek yo, tak jupukno nok tas.

Wes pasang rai PD rodo’ congkak titik(titik’e iro2en dewe rek), aku mbukak tas trus…..” MASYA OWO!!! ASTORAJIM!!! JUANTIIIIIT!!!! TUGASKU KARIIII!!!!!!!!!!!!!!”, koncoku spontan ngakak ndelok aku. Aku langsung brobah koyok asu ilang, bingung kudu lapo. Konco2ku podo ngomong “wes nyante ae, ngomongo lek kari, omahmu kan adoh, ga mungkin koen balik, 5 menit maneh gurune teko”. Tapi rasane ati kurang plong lek ngono, dadine aku nekat ngentekno duit jajanku dino iku gae numpak kendaraan umum super cepet, VIP (mek gae wong siji thok umume), gesit lincah dan irit,yaitu ojek man!!!

Aku mblayu2 nang ngarepe sekolah koyo’ wong kilangan “kesehatan” trus nyeluk ojek. “OJEEK!!!!!!!!!!”. Ojek’e langsung sigap mendengar panggilan tersebut dan menoleh kearahku dengan penuh hasrat tuk menolongku (walah bosomu le). Tepak OTW aku crito nang ojek’e “pak sing cepet yo, bukuku kari, omahku adoh, klas wes kate masuk!”. Ojek’e malah ngakak titik trus ngomong lek ojok teledor dadi arek.. Masalahe ket lahir aku yo ngene iki, lalian, tewur, wes pokok’e ibarate arek2 error dirangkum dadi siji. Tanpa ba bi,mek bu thok (biasane kan ba bi bu, tapi kata bu saiki tak gae), aku nyeluk ibuku tercinta. “BU!!, bukuku kari!! Njaluk duit tambahan donk gae ojek!!”, langsung njupuk duit saonok’e mbek nyamber buku tulis sing nok mejo.Mari iku langsung take off nang kelas.

Nok kelas, gurune wes mlebu.Rasane juantung iki we skate copot tepa’ weruh gurune wes masuk, tapi pie maneh, wes risiko profesi (sambil elus2 janggut n nggae kocomoto ireng). Gurune langsung takok.

Gurune : Kenapa terlambat?

Aku : Anu pak, ambil tugas yang ketinggalan.

Gurune : Wah ini baru siswa teladan, padahal gpp kmu bilang tugasnya ketinggalan, tapi kmu malah pulang n ambil tugas kamu. Bagus itu, bagus. (LUPH U PAK GURUUU!! U R D BEST LAH!!!).

Sak kelas langsung keplak keplok koyo’ ngeplok’i doro cek mulih nang kandang. Aku mek cengangas cengenges koyok wong kekurangan vitamin W (*WARAS). Aku langsung lungguh nang bangkuku dengan PDnya, trus guru iku mulai mbahas PR.Otomatis aku mbukak buku sing tak jupuk maeng, eh ternyata &^$^(*^$^*^*^$&^&(&*^$$%(*&*)$ salah njupuk buku!!! Aku langsung tolah toleh ndelok SIKONTOL (Situasi Kondisi dan Toleransi) . Aku pura2 ae ngerti PR’e mbek sukur njawab sak pas’e. Awal’e rodo’ ndredeg, secara wong’e keliling gitu low. Pokok’e aku ga oleh kenek perhatian wong iku. N at least wa lolos.. I MADE IT THROUGH THAT DAY BABY!! OWH YEAHHH!!

Hikmah’e: Lek perlu due buku di labeli cek gak kijolan, noto buku pisan ojo’ isuk’e tapi bengine rek, sing paling penting ojok ngojek teko sekolah nang omah lek omahmu adoh, ga iso njajan koen awan’e tenanan iki, ra goro!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar